Tim Van Damme Pakde Sulas

Me

Blog

Belajar mbambung

Belajar mbambung

Aku sa’jog jumbleg, utowo sa’umur-uripku durung nate numpak sepur utowo kereta api. Dadi aku kepengin numpak sepur karo ngajak bojo lan anakku. Jenenge wahe durung nate, dadi yo kudu sering takon wong liyo sing nate nupak sepur.

Dina minggu wingi aku ngajak bojo lan anakku mlaku-mlaku, tapi aku ora ngomong arep mlaku-mlaku nang ngendi, pancen sengojo tak gawe kejutan .Ujug-ujug sepeda motorku tak enggokno nyang parkiran sepeda motor Stasiun Gubeng .

“ Nang ngendi Yah iki?” bojoku takon.

“Numpak sepur, pisan-pisan rek numpak sepur” jawabku, njawab pitakone bojoku.

“Asyikkk” anakku mbengok, ketokane dheweke seneng banget.

Aku terus menyang loket tuku tiket. Sadurunge tuku, aku moco-moco dhisik jurusan –jurusan sepur kuwi. Karepku ngono numpak sepur komuter sing jurusan Surabaya-Porong, tibane komuter onoke jam siji awan, padahal wektu aku takon isih jam setengah wolu isuk. Terus tak putusne numpak sepur Penataram- Doho wahe, tujuan Surabaya-Blitar. Niatku mudhun stasiun Porong wahe , ora usah adoh-adoh. Tiket sepure ora larang mek telungewu ripis wahe, dadi wong telu mung sangangewu ripis.

Merga aku ora tahu numpak sepur aku yo ora ngerti gerbong ekonomi sing ngendi, gerbong eksekutif yo sing ngendi. Aku oleh gerbong ekonomi ‘tanpa tempat duduk’. Sepure teko aku terus takon petugas nang kono, aku takon gerbong ngendi sing dimaksud neng tiketku.

Aku bingung karo sebutan ‘gerbong tanpa tempat duduk’, nyatane gerbong kuwi yo onok lungguhane. Tibane maksude, aku oleh lungguh nang kono yen aku kudu tuku panganan utowo ngombe nang restorasine.

Aku malih kudu ngguyu dhewe, lha piye, wong tikete regane mung telung ewu ripis, lah ngombene regane sangangewu ripis, tikel telune tiket. Tapi gak opo-opo kabeh kuwi dadi ‘pengalaman’.

Aku yo ora ngerti urut-urutane stasiun sepur sing diendheki, dadi sedhiluk-sedhiluk aku takon karo uwong sing cedhak karo aku, kebeneran alu lungguh jejer karo wong sing sering numpak sepur, sebab dheweke pancen kerep bali-mulih nyambut gawe sarwo numpak sepur. Bojo lan anakku lungguh nyang kursi liyane, dheweke wis manut wahe.

Bojo lan anakku ketoke menikmati banget pengalaman numpak sepur iki, utamane anakku , dheweke ketok ngguya-ngguyu saben ndelok kejadian neng njobo sepur.

Sepur teko nang stasiun Porong kiro kiro jam sepuluh esuk. Nah iki sing marahi aku lan bojoku bingung. Tibane sepur sing nang tujuan Suroboyo onok maneh jam rolas awan, tapi tikete wis entek. Onok maneh sepur sing teko jam setengah telu sore, yoiku sepur sing mau tak tumpaki mbalik soko Blitar. Utowo nunggu sepur komuter sing teko soko Suroboyo nanging tekane jam telu sore.

Mergo kudu ngenteni sepur sing teko jam setengah telu sore, aku lan anak-bojoku kudu mbambung dhisik nang stasiun Porong. Aku,bojo lan anakku kluyar-kluyur ning stasiun, gak jelas arep opo, dadine yo lontang-lantung koyok gombal amoh keno angin. Nek weteng luwe utowo ngelak yo andhok neng kono, sebab nang kono yo onok wong dodol panganan lan ngombe. Yen kesel mlaku yo klimprak –klimpruk nang peron kono.

Tibane sing mbambung gak aku thok, tibane yo akeh wong sing koyok aku, kiro kiro onok limolas keluarga. Critane yo podho, deweke kepingin nyenengno keluargane, terus numpak sepur. Sing marahi kudu ngguyu tibane wong-wong kuwi yo podho ping pisane numpak sepur.

Mergo ngalami nasib sing podho, akhire kabeh keluarga mau podho kenalan lan ngenalno keluargane dhewe-dhewe. Sing tuwo-tuwo pada ngetuprus omong, nyritakne keluargane. Lah sing arek-arek cilik podho rame dolanan. Wis jan pokoke stasiun dadi rame koyok wong unjung-unjung pas riyoyo. Mungkin iki sing diarani ‘ mbambung berjamaah’.

Kiro-kiro jam setengah telu, sepur Doho-Penataran teko. Aku lan keluarga sing mbambung mau age-age munggah sepur mulih nang Suroboyo. Nang ndhuwur sepur wong-wong kuwi podho saling gojog-gojlogan , ngelingake kelakuan sing konyol mau, yoiku ‘blajar mbambung’.

Tak kiro anak-lan bojo kapok marang kedadeyan iku, tibane ora. Anak lan bojoku malah ngajak numpak sepur maneh, tapi gak gelem nang Porong. Dheweke malah ngajak nang Malang utowo Blitar pisan.

Punopo panjengengan nggih gadhah kisah kados kulo?

3 comments :