Tim Van Damme Pakde Sulas

Me

Blog

Gak Pas

 

Awan kuwi praupane Cak Gaguk ketoke gak sumrengah blas, malah ketok kudu morang - moring, embuh morang moring karo sopo, gak jelas. Aku yo wedi nek nontok prejengane Cak Gaguk, koyok arep nguntal uwong gak athik lalapan wahe. Aku arep takok, tapi aku wedi nek dheweke tambah morang –moring, mangkane aku golek wektu sing tepat kanggo takok. Padahal biasane Cak Gaguk iku wonge sabar lan pengertian barek konco-konco nyabut gawene. Opo maneh nek karo anak-buahe dhewekke tambah sabar, dheweke malah gelek mbantu anak buahe nyelesekno penggaweyane.

Aku karo Cak Gaguk iku konco lawas nyambut gawe, dadi ake weruh ulatane saben dinane. Aku karo Cak Gaguk sih tas wahe nyambut gawe nang panggonan saiki, tapi masiyo ngono aku lan Cak Gaguk wis paham bener penggawean iki, amergo penggaweane podho. Malah aku karo Cak Gaguk kuwi sabenere malah dibajak soko perusahaan sing lawas.

“ Opo’o Cak, sampean kok ketoke sumpek?, arek –arek nyambut gawene gak tepak tah?”. Aku nyobak mbukak omongan pas lungguh-lungguh nang emperane mushola nggonku nyambut gawe, sak wise sholat dzuhur.

“Wis gak tepak blasss, pokoke” jawabane Cak Gaguk, kalem tapi nandes nang jero ati

“Sing gak tepak iku apane Cak” aku takok maneh, amergo aku penasaran.

“Sing gak tepak yo Pak Dono iku” jawabe Cak Gaguk nandes getem-getem, Aku bingung ngrungokno jawabane.

“ Saiki pikiren dhewe tah, sopo sing gak mangkel, Aku mulai wingi lak nglembur, yrempeng nyambut gawe sampek isuk mau, dadi mestine aku lak yo durung ngaso, terus disambung sampek saiki nerusno penggawean” Cak Gaguk mulai njlentrekno sebabe deweke mangkel.

“Lho lak wis bener, sampean nutukno penggawean sampean kuwi, terus opo sing salah” aku nimpali omongane Cak Gaguk.

“Masalahe duduk kuwi” jawabe Cak Gaguk.

“Nek duduk kuwi, terus opo? Srekalku, aku tambah penasaran.

“Mangkane tah, nek onok wong ngomong iku rungokno, ojo kesusu nyamber , koyok jambret jalanan wahe” jawabe Cak Gaguk rodok mbanyol, karo matane mendeliki aku .

“Yo..yo Cak tak rungokno, ngono wahe ngamuk” omongku karo ngguyoni dheweke.

“Critane ngene, Mulai lembur bengi sampek isuk mau, aku lak gak leren-leren . Yo pas penggaweane wis mari , aku niat istirahat sedhiluk, mergo durung onok penggawean liyane sing arep digarap” Cak Gaguk mulai crito.

“Terus masalahe opo Cak” takonku, medhot critane Cak Gaguk.

“Sik talah, rungokno dhisik. Ojok kesusu nyaut wahe, suwi-suwi tak gibeng koen engkuk” omonge Cak Gaguk karo drenges mesem.

“Nah, pas aku kawit ndhekek bokong arep lungguh istirahat, ehh Pak Dono liwat ngarepku. Wonge terus mandengi aku. Aku yo mesem , wong onok bos liwat kok meneng wahe” Cak Gaguk nerusne critane.

“Terus Cak?” aku medhot critane.

“Mangkane rungokno dhisik, senengane medhot omongane uwong” Cak Gaguk protes.

“ Sepurane Cak” aku terus bergaya nyembah , koyok wong njaluk restu marang simbah. Sampek wong-wong sing lungguhan nang terase mushola ndelok kabeh.

“ Aku yo ngekeki salam marang dheweke, ‘ Selamat pagi pak’ ngono. Tapi jawabane dheweke malah nggarakno aku mangkel, mentolo nggibeng wonge, bahkan mangkelku iku mungkin gak isok ilang sampek aku matek” Cak Gaguk nerusno critane.

“Dheweke ngomong opo Cak” pitakonke, amergo aku penasaran.

“ Dheweke malah ngomong ‘ dibayar larang-larang malah enak-enakan lungguh’. Cobak pikiren dhewe, nek omongan ngono iku opo gak nggawe weteng senep” Cak Gaguk mungkasi critane.

“Iyo Cak, masiyo aku, nek krungu koyok omongan ngono iku aku yo morang –moring” aku setuju karo pendapate Cak Gaguk.

“Mungkin iki duduk dinoku, yo iki sing diarani ‘gak pas wektu’” ujarane Cak Gaguk.

“ Iyo Cak, Pas sampean lungguh-pas bos liwat, pas sampean nyrempeng nyabut gawe-bos pas ngiler he he he…” kondhoku ngguyoni Cak Gaguk.

Cak Gaguk mung biso mesem krungu guyonanku.

6 comments :

  1. Wah belum ada terjemahannya ya Pak De.. Ora ngerti nih...

    ReplyDelete
  2. Salam nang Cak Gaguk Pak Dhe, biasa ancene Dhe, lek owng cilik longgoh sitik wes rame, pas mengawe soro gak tau direken :)

    ReplyDelete
  3. dirungokne sek Pak Dhe, jok kesusu nimpali hehe
    Sugeng dalu nggeh

    ReplyDelete
  4. bosone karo wong Tegal ora adoh Pak De, ngobrol pasti nyambunge

    ReplyDelete
  5. kunjungan perdana..
    moga tambah sukses bloggingnya..
    ditunggu juga ya folbacknya..

    ReplyDelete
  6. kok bisa enggak pas juragan :)
    terima kasih sudah sharing sama kita

    ReplyDelete